Drama Dalam Bahasa Jawa 4 anak
Disusun dening : Dewi Amala (08)
Nazela Choirunnisak (23)
Niken Ayu Ramadhan (24)
Shelly Avrista (26)
Ing sawijining
dino, Ayu sing biasane pecicilan ujung-ujung meneng. Sari lan Dewi heran, kena
apa ta kancane iki ?
Sari : Yu, ana apata kowe ko kora kayak biasane ?
Ana masalah ta ? kowe iso crita karo
awakdhewe.
Ayu mung
meneng lan godhek-godhek. Dewi sing ora kuat karo sikape Ayu langsung takon.
Dewi : Kowe iki lapo se ? Kowe iki kancane awakdhewe !
Lek ana masalah mbok yo crito karo awakdhewe.
Sari : Iyo, ndang crito, awakdhewe iki wes kancanan suwe.
Ndang crito’o lek ana masalah, mbok yo aja
dipendem dhewe.
Ayu : Aku ora nduwe masalah apa-apa kok, kowe iki lapo sih ?
Dewi : Awakdhewe iki ora pengen kowe stress mung gara-gara ora gelem
crita masalahmu.
Ayu lara ati
gegara Sari lan Dewi takon terus masalahe. Padahal, dhewek’e ora gelem
kanca-kancane melu ngrasakake apa sing dirasakake. Ayu ngondok karo Sari lan
Dewi banjur ora gelem gembul maneh karo arek 2 iku.
Sakwise 2
dina, Sari ora kuat kenapa kok kancane ora gelem gembul maneh . banjur Sari
ngajak yu lan Dewi ketemuan.
Sari : Kowe iki sakjane lapo sih rek ?
Dewi : Yo, Ayu iku lapo sih ? ana masala hora gelem crita ! malah
nyentak awakdhewe. Karepmu iki apa
sih ?
Ayu ora trima
Dewi malah nyentak dhewek’e
Ayu : Lapo aku ? yo awakmu iku lapo melok urusanku!
Sari : Wes-wes, ojok tukaran ! kowe iki, lek ana masalah crita’a
karo awakdhewe, Yu. Kowe yo aja
gopoh ngamuk, Wi .
Sakwise Sari
ngomong ngunu Dewi lan Ayu langsung meneng plerak-plerek. Sari jengkel, banjur
ambekan gedhe.
Sari : uwis ta Wi, awakmu pisan Yu, kene iki uwis kancanan suwe,
gak usah gondok-gondokan, awakmu
pisan Yu lek ana masalah ngomongo. Sopo roh
kene isok ngewangi.
Krungu
omongane Sari, Ayu lan Dewi sadar yen ora kudune pada gondok-gondokan.
Dewi : Sepurane yo Yu. Aku igak maksud melok-melok urusanmu, aku mung
pengin kowe nganggep
awakdhewe konco sing iso digawe nggon crita.
Ayu : Iya wis , Aku yo njaluk sepura, aku ora sengaja wektu aku
nyontek kowe lan Sari.
Sari : Lah … yen ngene iki lak enak sih, wis yo ora usah dibaleni
maneh.
Ayu & Dewi : Siap ! hehehee
Sakwise damai kabeh,
Sari : Wis . . . sakiki apa masalahmu, yu !
Ayu : Ngene loh Sar, Wi. Ku dhek wingi bengi dikandani karo ibuku,
yen wong tuwoku pisah. Amarga
ayah ku ora tau moleh, lan ibuku malah
uring-uringan. Terus aku wedhi yen wong tuwoku pisah,
aku malah diguak karo ayah lan ibu. Aku kudu
kepiye ?
Dewi : LOH ! YO APA SIH ? WONG TUO KOK KAYAK NGUNU !
Ayu nangis
krungu Dewi malah nyentak.
Sari : Wi . . . aja kaya ngunu !
Dewi meneng
sakwise Sari ngomong
Sari : Ngene Yu . . . wong tuo mu pisah iku wis takdir. Tapi aku
yakin, yen wong tuamu ora bakal ngguak
kowe. Kepiye-kepiye, kowe iki anak’e wong
tuamu, lek missal beneran kedadean, kowe iso mara
nang omahku.
Ayu : Tapi Sar . . . (
mewek )
Sari : wis-wis . . . rausah nangis ra papa kok, rapapa yah !
Sari lan Dewi
ngeneng-ngeneng Ayu. Sakwise meneng, Ayu akhire wis iso nrima kahanan yen wong
tuane pisah, iku takdire.
Sakwise wong
tuane Ayu pisah, Ayu melu Ibuke. Dheweke yo ora kena masalah sing serius maneh.
Komentar
Posting Komentar